Sambutan Pidato Singkat Untuk Pasrah Penampi
Pengantin Dalam Bahasa Jawa
Assalamu'alaikum wr.wb.
Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang
kawulo hormati,
dumateng poro sesepuh, pini sepuh ugi adi sepuh
ingkang kawulo hormati,
dumateng pengiring temanten kakung miwah
putri ingkan kawulo hormati,
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang
berbahagia.
Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah
muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi
Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga
kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi
pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya
wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo
soho panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun monggo kito
tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito
antu-antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin
Bapak soho Ibu ingkang tuhu kinurmatan..!
Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah
nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh
lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. gupuh ateges
didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun
ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang
sederhana. sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.
selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko
wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak……. nampi kanti leganing
penggalih pasrah temanten saking Bapak ……., pinongko walinipun temanten
putri. nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten
griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh
tanggungane keluargo mriko.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan
saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul
kajah nggeh namung saget ndonga’aken dumateng rombongan konco temanten bilih
mangke acara sampun paripurno saget kondur tumuju dalemipun piyambak-piyambak
mboten wonten alangan setunggal punopo. amiin.
sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko
ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi
ngaturan seh samudro pangaksami. kawulo akhiri,
Wabillahi
taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr.wb.